All about my unforgettable moments, my learning experiences, anything that hopefully useful to read
Seko judul ning nduwur, jelas banget iki tulisan bakal nganggo boso Jowo. Weleh… mudeng po rak yo? Kudu mudeng pokok’e lah. Yen rak mudeng yo kursus dhisik, durung telat lan mesthi manfaat.. Rak percoyo? Jajal… ning ngendi awakmu gak nemoni wong Jowo, hayo… Terminal? Lha kae sing bakul bakso pojokan lak yo wong Jowo (malah mungkin luwih spesifik, wong Solotigo kekekekekkk…. ) Ning Kantor opo meneh… Ning kampus lak yo samsoyo… Pancen wong Jowo kok pating tlecek ning seantero Endonesia yo, opo meneh ning Jakarta. Ora arep maksud Jowoisme ki, sumprit… Sakjane kakehan merantau yo ga apik-apik banget kok, mesakne kampunge to ya, lak sopo mengko sing mbangun… Mungkin mung Den Baguse Ngarso, Pak Binah, Sronto, karo Kuriman wae sing isih setia nunggu lan mbangun desone (halah… kuwi sopo to? )
Oke… oke… sakdurunge mlebu ning inti cerita, tak ceritani dhisik yo, ngopo kok aku ‘tergugah’ kepengen nulis nganggo boso Jowo. Sepisan, mergo aku bar diweruhi (dudu diweruhi sundel bolong lho yaaa) file video karo koncoku kantor, judule Ajar Nggitar sing isine kuwi tutorial nggitar wong bule tapi di dubbing boso Jowo. Jebul lucu yo.. tampange Londo tapi logat Magelangan, hehehe Ping pindhone, tak rasak-rasakne nulis nggo boso Jowo kuwi kok luwih akrab, membumi (halah….!!!), lan kuping-friendly. Lho kok kuping? Mripat-friendly ding. Koyoto cerito marang konco lawas. Lak yo ngono to pak manteb? Ketelu, aku durung tau dadi iki tulisan pertamaku nggo boso Jowo. Mugo-mugo nambah khasanah penulisan berbahasa Jawa ning bumi Indonesia iki (jan pede banget yooo!!! ) Sisan nguri-uri (dudu nguriki lho ya) ngono lho..
Yo wes… saiki mlebu ning inti ceritane. Ngene lho. Wingi kae dino Rebo bengi. Koyo adate aku mulih seko kantor jam pitu bengi. Nunggu jemputan karo ngantuk teklak-tekluk. Ayo lek ndango teko bisku… Selak pengen turu ki. Abut (saking abote) sakpole mripat iki.
Menjelang setengah wolu, bisku teko lan aku bersiap-siap merem… Asyik.. wektune ngimpi. Prepet prepet… aku merem. Ngimpi lagi setengah episode, hapeku bengak-bengok.. hhhhhhhh…… sopo iki, lagi asyik-asyik ngimpi je.
Tak angkat to ya, timbang mbrebegi konco2ku sing ora bedo karo aku, lagek asyik-asyike merajut mimpi. Jebule mbakyuku sing nelpon. Ono opo lak an? Sajak ora biasane telpon dino Rebo.
Begitu tak angkat, langsung wae mbakyuku cerita ngecuwis… Ngalah-ngalahke aku sing sakomah jagoan urusan cuwis-cuwisan. Aku mung iso komentar ” Ho-oh to?”, “oya?”, “Mosok sih?”, “Tenane?”, lan komentar sing paling acih… “Alhamdulillah… yo Syukur yen ngono mbak….”. “alhamdulillah maneh, maneh lan maneh…. Sing diceritakne mbakyuku kuwi bener-bener cerito sing menyegarkan, mencerahkan, lan membahagiakan (sori yo, campur boso indonesia sithik). Sasi wingi mbakyuku nyeritakne kabeh masalah uripe, akeh lah pokokmen. Seru, lan kedawan yen tak ceritakne ning kene. Aku sing isih rodo umbelen iki dicurhati sampe lemes. Curhat sampe beberapa episode. Kok ya ndilalah lagi bar moco bukune Quantum Ikhlas, Erbe Sentanu. Tak kirimi wae kanggo deweke, mugo-mugo iso mbantu, soale buku iki berhasil kanggo awakku. Eh… kok jebul kepareng karo Gusti Allah. Koyo Dora, senengane Lintang “Berhasil berhasil!!!!” Intine buku kuwi, perubahan kuwi seko awake dewe, kebahagian juga seko awake dewe. Yen biso ikhlas, bersyukur karo gusti Allah, mesthi kabeh masalah ga bakalan marakne sedih2 banget. Lha wong kabeh kersane Gusti Allah, lak yo ngono to? Njaluk tulung karo Gusti Allah sing paling perkasa methi kepareng, anggere ikhlas. Ikhlas = zero…. Semeleh yen bosone wong Jowo. Nahhh…. mbakyuku sajak’e mraktekne ikhlas kuwi mau. Mujarab lho jarene. Mujarab tur instant. Ora nganggo efek samping, selain kebahagiaan. Keren yo? Subhanalloh… Pancen Gusti Allah kuwi keren -ok!!
Aku dadi rak ngantuk babar blas… ajaib. Cuman yo kuwi kupingku rodo senut-senut saking panase hapeku. Lha wong online all the way!!! (saiki rak mung campur Indonesia, malah boso Inggris barang, jan… jan… ora konsisten ik). Yen saben dino krungu kabar apik koyo ngono, wah wah… ketoke melek soko kantor tekan omah yo gak popo. Tak belani wis. Jan nyenengke tenan. Ngantuk dadi melek, Ngelih dadi wareg, kuru dadi lemu… (ojo ding… wis ideal je :P). Seneng iso dadi lantaran perubahan sing apik. Alhamdulillah… mugo-mugo luwih akeh wong sing melu ketularan efek kebaikan seko buku iku, seko ceritoku. Amien amien…
Hayo… saiki tak takon, sopo sing minat moco utowo duwe Buku Quantum Ikhlas? Monggo… rak sah isin-isin, ketik Reg spasi Manjur, halah… Ora ding, tapi sing bener: sms wae ke nomerku (tyas, mosok ga kenal sih): 081511454364. Ojo lali, tulis jeneng, karo alamat sing nggenah, jelas tur valid. Lima pengirim pertama berhak mendapatkan buku iki. SMS lho ya, soale yen via email or komentar aku durung mesthi moco. Arep cuti ki sampe awal Januari.
Yo wis ngono dhisik yo… tak tunggu sms-e. Tenanan ki, ga ngapusi.
Tyas
Ngomong2 soal boso Jowo, aku dadi kelingan kaset Basio sing tak silih soko awakmu mbiyen kae jebule ilang pas pindahan. Maaf yo Yas, tak ganti liyane wae, soale angel golek kaset Basio ning Bandung.
Kelingan po rak, iku lho sing arep ngeroki bojone nganggo peso (sadis poll…).
Gakpopo Yas, jare Sujiwo Tedjo, boso nasional iku gak cuma boso Indonesia, boso Jowo yo termasuk boso nasional. Dadi yen ning endi2 ketemu wong jowo terus guneman nganggo boso Jowo, brarti iku klebu “melestarikan kebudayaan nasional”.
Ayo Yas, nulis maneh nganggo boso Jowo, tak dukung 200%.
Hidup Jowo…!!! Tenang Ver, Kaset BAsio-ne wes tak ikhlasne 200%, jo semelang… Diganti donga wae, ben kabeh waras, seneng sumringah saklawase. Amien… ![]()